Mulabukane Perang Baratayudha

Sadurunge mandhita BegawanAbiyasa kuwi Ratu Ngastina jejuluh Prabu Kresna Dwipayana duwe anak telu, Raden Destarastra, Raden Pandhudewanata lan Raden Widura. Raden Destarastra mripale wuta. Raden Pandhu gulune lengeng. Raden Widura sikile gejik. Anake ratu Ngestina telu-telune cacat. Gandheng Raden Destarastra wuta mula ora dadi ratu. Sing madeg ratu Raden Pandhu. Jejuluke Prabu Pandudewanata.
Prabu Pandhu duwe anak lima lanang kabeh, mula dijenengi Pandhawa lima. Pambarepe Raden Punta, panenggake Raden Bratasena, penengahe Raden Janaka banjur kembar Raden Pinten lan Raden Tangsen.
Raden Destarastra duwe anak satus dijenengi sata kurawa. Tegese kurawa cacah satus, lanang 99 lan wadon siji jenenge Dewi Dursilawati. Pambarepe Raden Jaka Pitana utawa suyudana. Nomer loro Raden Pursasana, Raden Kartamarma, Raden Durmagati, Raden Citaraksa lan Raden Citraksi.
Prabu Pandhu mati nalika Pandhawa isih cilik-cilik. Mula keprabon Ngastina banjur dipasrahake marang adipati Dhestarastra minangka Prabu Wakil. Sang Prabu wakil banjur wisuda Raden Jaka Pitana dadi ratu Ngastina jejuluke Prabu Duryudana.
Nalika Pandhawa wis gedhe, Raden Puntha wis dadi ratu ing ngamarta. Najan wis dadi ratu,Prabu Puntadewa tetep njaluk baline keraton Ngastina. Para kurawa ora ngulungake. Pungkasane dadi perang gedhe kang diarani perang Barathayudha. Perang rebutan warisan jalaran padha murkane.
Prabu Duryudana murka ora gelem mbalekake. Negara Ngastina sanajan mung dijaluk separo negara. Prabu Puntadewa ya murka, wis duwe negara isih kemelikan njaluk negara warisan. Pungkasane perang Barathayudha, para Kurawa mati kabeh kari putune siji aran Raden Parikesit.
Sedulur tunggal embah Kurawa lan Pandhawa ora kena kanggo tuladha. Jalaran paten-patenan mung amarga rebutan warisan. Kamangka jeneng sedulur mono kudu rukun. Kaya unen-unen kuna ”Rukun Agawe santosa. Crah agawe bubrah”
Wel, kawan….
Ada yang ngerti artinya gak?
=p
ngga….(sambil unjuk tangan),hehehe
okta,maen ke blog saya ya!jazz
wassalamulaikum
wah.. orang sunda asli saya.. ora ngerti..
ceritne apik banget
sepp gann bgus niie crita,,
ngerti!!!!!!!!!!! (sebagian)
always tau’ …….
aku ngerti..
kok, post ini ngetrend banget ya…. (-_-)a ada daya tarik apa dibalik post satu ini..hehehe, syukur deh, bisa banyak dibaca dan jadi tantangan buat temen2…ota suka sekali denger orang ngomong jawa, tapi ota gak terlalu bisa bahasa jawa meski keturunan jawa…jadi semoga post ini bisa jadi salah satu pelestari bhs jawa.. jadi ota masih bisa denger orang ngomong jawa..
makasih ya…BTW, arti di tulisan ini emangnya apa sih? (apaa, jadi yang nulis gak tauuu?!!?!?1)*minta ditonjok..